WUJUD (DHAPURING) TEMBUNG
Tembung-tembung punika miturut wujudipun utawi dhapuripun
saged kapérang dados kalih golongan, inggih punika:
A. Tembung
Lingga
B. Tembung
ingkang sampun éwah saking lingganipun.
A. Tembung lingga inggih punika
sadaya tembung ingkang dèrèng éwah saking asalipun.
Kadosta: jaranan,
lingganipun: jaran
kepatèn,
lingganipun: pati
karoban,
lingganipun: rob
Déné tembung lingga ingkang
dipunwastani asal utawi tembung ingkang dèrèng ngalami éwah-éwahan punika
kathah-kathahipun saking tembung wod.
Tembung wod:
suk, lajeng dados wonten tembung lingga pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, isuk lan sanès-sanèsipun.
Tembung wod: pis, dados tembung
lingga: tipis, tapis, kempis, dhepis, lan sapiturutipun.
Tembung wod:
lur, dados tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur, lan sapiturutipun.
Nanging boten sedaya tembung
lingga wonten wodipun.
B. Tembung ingkang sampun
éwah saking lingganipun.
Tembung ingkang sampun éwah
saking linganipun, kapantha dados tigang golongan, inggih punika:
1.
Tembung andhahan
2.
Tembung ingkang dipunrangkep
3.
Tembung camboran
4.
Tembung wancahan
1. Tembung andhahan
Tembung tekuk saged dipunwangun
dados tembung warni-warni, kadosta: ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan,
tekuk-tekukan, lan sanès-sanèsipun. Tembung-tembug punika wau sadaya kasebat
tembung andhahan.
Déné tembung lingga saged éwah
dados tembung andhahan punika awit saking dayaning wuwuhan. Wujuding wuwuhan
wonten warni tiga, inggih punika:
a.
ater-ater, inggih punika wuwuhan ingkang
mapanipun wonten ngajeng. Wujuding ater-ater wonten warni-warni, ing
antawisipun:
hanuswara = nya, ma, nga, na ;
tripurusa
(tak/dak, ko, di),
ku, ké, sa, pa, pi, pra, tar, kuma,
kapi, a, ma, pan, pang, lsp.
b.
seselan, inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun
ing satengahing tembung, inggih punika: um, in, el, er.
c.
panambang,
inggih punika wuwuhan ingkang mapanipun ing pérangan wingking tembung,
kadosta: a, i, e, an, en, ana, aké, na, né, ku, mu.
Pandhapukipun tembung andhahan
saking tembung lingga, saha éwah-éwahanipun dipunwastani ngrimbag. Déné rimbag
ing tembung punika wonten warni-warni namanipun, ing antawisipun: lingga
andhahan, tanduk, tanggap lan bawa ka, pakon utawi hagnya, tandang lan sananta,
sambawa, bawa, guna/adiguna, wisésa -na, bawa wacaka jawa wacaka, kriya wacaka
karana wacaka. a. Lingga andhahan
Wonten sawetawis tembung ingkang
sejatosipun sampun dados tembung andhahan, ananging dipunanggep kados tasih
tembung lingga. Sebabipun amargi tembung wau tasih saged dipunwuwuhi ater-ater,
panambang, lan seselan kados déné tembung lingga. Kados upaminipun:
omah, dados
lingga andhahan somah, tembung somah saged kadamel andhahan malih upaminipun sesomahan.
ubeng, dados
lingga andhahan kubeng, tembung kubeng saged kadamel andhahan malih upaminipun kinubeng.
weruh, dadoslingga
andhahan kawruh, tembung kawruh saged kadamel andhahan malih upaminipun
dikawruhi.
Wondéné ingkang kagolong lingga
andhahan inggih punika:
1) Tembung
lingga ingkang pikantuk ater-ater sa, pa, pi, pra, tar, tra, ka. Tuladha:
sa
|
:
sa +
iji
|
= siji
|
sa
+ olah
|
= solah
|
|
pa
|
: pa +
omah
|
= pomah
|
pa
+ mong
|
= pamong
|
|
pi
|
: pi +
wulang
|
= piwulang
|
pi
+ andel
|
= piandel
|
|
pi
+ tutur
|
= pitutur
|
|
pra
|
:
pra + kara
|
= prakara
|
pra +
lambang
|
= pralambang
|
|
pra
+ jurit
|
= prajurit
|
|
ka
|
: ka
+ ubeng
|
= kubeng
|
ka
+ wruh
|
= kawruh
|
|
ka
+ arsa
|
= karsa
|
sadaya tembung ingkang pikantuk
ater-ater sa, pa, pi, pra, ka, kalebet jinising tembung aran.
tar
|
: tar +
tamtu
|
= tartamtu
|
tar
+ buka
|
= tarbuka
|
|
tar
+ waca
|
= tarwaca
|
|
tar
+ kadhang
|
= tarkadhang
|
2) Tembung
lingga ingkang oleh ater-ater pan (ny), pam, pang. Kayata: pan: pan + tiyung = pantiyung
pan + telung = pentelung
pan
+ colot = pencolot
pan
+ thèlès = penthèlès
pan
+ jete = penjété
pan
+ dhelis = pendhelis.
Sadaya tembung ingkang pikantuk
ater-ater pan (ny), pam, pang, kalebet jinising tembung kahanan.
3) Tembung
lingga ingkang pikantuk seselan: er, el.
Sejatosipun seselan er, el punika
seselan ingkang namung sawarni, pramila kala mongsa lajeng saged lira-liru.
Kadosta krelip utawi klelip. Wondene
pangetrapipun ing tembung wonten ing sawingkingipun aksara purwanipun lingga,
tuladha: k (er) + elip g (er) + andhul b
(el) + èbèr g (el) + ereng
Tembung ingkang apurwa swara
menawi pikantuk seselan el, er, purwanipun dipukantheni k.
Tuladha: abang + er
|
: krabang (krabing)
|
engkat-engkit
|
: krengkat-krengkit
|
enggas-enggos
|
: krenggas-krenggos
|
enggèh
|
: krenggèh
|
ogèl
|
: krogèl
|
uget
|
: kruget
|
èwèr
|
: klèwèr
|
éwa
|
: kléwa
|
uwer
|
: kluwer
|
Sadaya tembung ingkang pikantuk
seselan el, er, kalebet jinising tembung kahanan, pramila asring dipunkanthèni
tembung pating ing ngajengipun.
Dipunanggit saking buku Wibawa kelas X tingkat SMA daerah Yogyakarta
WUJUD TEMBUNG ING BASA JAWA
Reviewed by Hendi Widyatmoko
on
3/24/2019 07:00:00 AM
Rating:

Tidak ada komentar: