
GAYUTANING HATI NURANI KALIYAN PENDHIDHIKAN KARAKTER
Naskah
Sesorah Ujian Praktek
MTs
Muhammadiyah Wonosari
dening:
Hendi Widyatmoko
Assalamu'alaikum wr.wb.
Bapak
saha ibu dewan pambiji ingkang kinurmatan
Saha para rawuh ingkang minulya
Ingkang sepisan mangga kita tansah ngonjukaken raos
puji lan syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring mapinten-pinten
kanikmatan, kasarasan, karaharjan, rahmat, saha hidayah dhateng kula saha
panjenengan sadaya, saengga kita saged kempal wonten ing papan menika saperlu
angrawuhi adicara AKSIOMA kanthi kawontenan ingkang sehat wal’afiat. Shalawat
sarta salam mugi tansah dipunlimpahaken dhumateng junjungan kula lan
panjenengan sadaya Nabi Muhammad S.A.W. Mugi-mugi kula lan panjenengan sadaya
wonten ing dinten akhir samangke kalebet tiyang ingkang pikantuk safa’at saking
Nabi Muhammad SAW. Amin
Para rawuh ingkang minulya….
Wonten ing kalodhangan menika kula badhe ngaturaken
sesorah kanthi irah-irahan “Gayutaning Hati Nurani kaliyan Pendhidhikan
Karakter”. Sakderengipun menapa ta ingkang dipunwastani hati nurani kaliyan
karakter? Manapa gayutanipun antawising
hati nurani kaliyan pendhidhikan karakter menika?.
Wonten hadist Nabi Muhammad ingkang kados makaten “ala
inna filjasadi mudghah, wa hiya qalbu” ingkang tegesipun “ngertenana bilih ana ing awak manungsa iku ana sagumpal getih, yaiku
ati”. Manah utawa qalbu wonten ing mriki sanes wujud fisikipun, ananging
nilai-nilai ingkang sampun damel kapribadhen tiyang ingkang sampun ndarah
daging. Sadaya potensi rohani ingkang wonten ing badan fisik manungsa saged katitik
wonten ing wujud perilaku lahiriyah, sae menika wonten ing ekspresi pasuryan,
tumindak, ngendikan, saha sanesipun.
Manah menika salah satunggaling rahmat saking Gusti
Allah ingkang badhe dipunsuwuni tanggel jawab wonten ing dinten kiamat benjing.
Menika kados firman Allah wonten ing Q.S. Al Isra’ ayat 36, ingkang kados tegesipun makaten:
Lan ajaa sira melu apa kang sira ora
kongerteni. Sejatine pangrungu, pandeleng, saha manah, kabeh iku bakal dijaluki
tanggung jawabe.
Para rawuh ingkang minulya…
Menawi dipunrunut kanthi premati manah menika wonten
gayutaning kaliyan pendhidhikan karakter. Dhiwasa menika pendhidhikan karakter
ingkang dipunwucal wonten ing pawiyatan-pawiyatan menika kirang asilipun.
Kiranging asilipun menika amargi wonten kalepatan pangertosan modhel pasinaon
antawising modhel pasinaon sains kaliyan modhel pasinaon babagan humaniora.
Modhel saha paradigma pasinaon sains saha matematika
beda kaliyan modhel saha paradigma pasinaon babagan humaniora. Ingkang
dipunprelukaken wonten ing pasinaon humaniora, wonten ing mriki pendhidhikan
karakter, inggih menika kemampuan guru, dosen, pendhidhik kangge “mbentuk kapribadhen
murid utawi wonten ing pangraosipun, rasio, imajinasi, kreativitas, lan
sanesipun”. Mila makaten, paradigma pendhidhikan karakter sejatosipun langkung
sae dipunarahaken dhateng pangajab saha motivasi, boten intelektualitasipun.
Amargi menika, ingkang prelu dipun-gatosaken dening para pendhidhik inggih
menika bilih pasinaon babagan sains saha matematika menika gayut kaliyan
intelektual, wondene motivasi utawi pangajab gayut kaliyan hati nurani. Mila makaten,
pendhidhikan karakter inggih pendhidhikan hati
nurani.
Para rawuh ingkang bagya mulya….
Menapa ingkang saged dipuntindakaken kangge
nyengkuyung pendhidhikan karakter menika? Pendhidhikan karakter saged
katindakaken kanthi sae bilih dipunsengkuyung dening:
1. Iman saha ngibadah dhumateng
Gusti Allah ingkang sae.
2. Lingkungan masyarakat
ingkang sae
3. Damel kurikulum ingkang
berkarakter wonten ing pawiyatan.
4. Nglarasaken prosentase jam
pelajaran normatif saha adaptif wonten ing pawiyatan.
5. Nindakaken pasinaon kanthi
metode pendhidhikan “ngreti-ngroso-nglakoni” ingkang dipunpelopori dening Ki
Hajar Dewantoro. Salajengipun metode menika dipun-integrasikan kaliyan metode
pasinaon budhi pekerti kanthi metode wonten ing agama Islam inggih menika
“syari’at, hakekat, tarekat, saha ma’rifat”.
6. Ngawontenaken ekstrakurikuler
ingkang sipatipun karakter.
Menika ingkang saged kula andharaken gayut kaliyan
hati nurani saha pendhidhikan karakter, mugi-mugi wonten manpangatipun dhateng
kula piyambak saha para rawuh sadaya. Mbok bilih wonten kalepatan anggen kula matur
saha wonten solah bawa ingkang boten mrenani penggalih dewan pambiji saha para
rawuh. Saestu kula kanthi anaraga nyuwun agunging samudra pangaksami.
Akhiru kalam, wabillahitaufiq wal hidayah.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Salam nurani berkarakter. Matur nuwun
SESORAH : GAYUTANING HATI NURANI KALIYAN PENDIDIKAN KARAKTER
Reviewed by Hendi Widyatmoko
on
3/23/2019 05:00:00 PM
Rating:

Tidak ada komentar: