STAY WITH US

Header Ads

test

Business

CONTOH TEKS PRANATACARA ACARA SYAWALAN




Assalamualaikum. Wr. Wb

Para sesepuh, pinisepuh, ajisepuh ingkang dahat kinurmatan.
Pangembat-pangembating praja ingkang pantes sinudarsana,
Para alim ulama ingkang rinten klawan dalu tansah sinandhing kitab suci wahyuning Illahi ingkang dados pandam pandoming kawula dasih,
Para putra wayah trah Kerto Karyo ingkang minulya,

Ingkang angka sepisan, mangga sareng-sareng hangaturaken puji pangalembana wonten ngarsa dalem Allah SWT, injih awit saking rahmat saha hidayahipun, kula lan panjenengan sedaya sageda kempal manunggal wonten ing sasana menika kangge angrawuhi syawalan trah Kerto Karyo wonten ing taun 1431 H manika, kanthi pinaringan kawilujengan ing sedayanipun.
Ingkang angka kalih, keparenga kula minangka pambyawara hangaturaken pambagya sugeng rawuh lan sugeng lenggah ingkang kanthi merdika merdikaning penggalih.
Ingkang salajengipun, keparenga pambyawara hangaturaken rerantaman adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal menika,
1. Pambuka
2. Gema wahyu Illahi
3. Sumene I
4. Ikrar Syawalan
5. Atur Panampi
6. Jawat Asta
7. Hikmah Syawalan
8. Sumene II
9. Panutup

Ngancik adicara ingkang angka sepisan inggih menika pambuka. Mangga adicara wonten ing wekdal menika kita bikak kanthi waosan basmalah sesarengan. Bismilllahirohmanirrohim. Nuwun. Kanthi waosan basmalah menika mugi adicara syawalan ing wekdal menika kalis ing rubeda nir ing sambikala. Amin, aminYa Robbal alamin.
Adicara ingkang angka kalih inggih menika Gema Wahyu Illahi. Wonten ngarsanipun paraga ingkang sampun kajibah, sasana wara kula sumanggakaken. Mekaten Gema Wahyu Illahi ingkang sampun dipunaturaken. Mugi sageda dadosna iman kula lan panjenengan sedaya. Amin.
Saderengipun lumebet wonten ing ikrar syawalan, adicara ingkang kaping tiga inggih menika Sumene I. Wonten ngarsanipun kanca-kanca panitia sumangga.
Dhumateng Bapak Fajar kasuwun amakili Trah Kerto Karyo kangge ikrar syawalan. 
Wonten ngarsanipun Bapak Hendi kasuwun nampi atur ikrar syawalan ingkang sampun dipunaturaken dening Bapak Fajar. Adicara atur panampi menika kalajengaken jawat asta. Wonten ngarsanipun Bapak Hendi kasuwun ugi mbiyantu lampahing adicara jawat asta. Sasana saha swasana kula sumanggakaken.
Ngancik adicara inti inggih menika Hikmah Syawalan. Wonten ngarsanipun Bapak Rochmat sumangga.
Mekaten wau hikmah syawalan ingkang sampun dipunaturaken panjenenganipun Bapak Rochmat, mugi kula lan panjenengan sedaya sageda mendhet inti sarinipun. Amin.
Adicara ingkang salajengipun inggih menika Sumene II. Para rawuh ingkang minulya kasuwun angrahapi dhedhaharan sawontenipun wonten ing papan prasmanan ingkang sampun samekta. Sumangga.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Mangga adicara wonten ing wekdal menika kita tutup kanthi waosan hamdalah sesarengan. Alhamdulilahirobbil alamin.
Cekap semanten ingkang saged pambyawara aturaken, wonten basa tuwin sastra ingkang kirang  nujuprana ing wardaya, kula nyuwun agunging pangaksama. Tahu kecap Wonosari, wonten klenta klentuning ucap nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum. Wr. Wb.

CONTOH TEKS PRANATACARA ACARA SYAWALAN CONTOH TEKS PRANATACARA ACARA SYAWALAN Reviewed by Hendi Widyatmoko on 3/31/2019 05:00:00 PM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.