
Tuladha :
dakpangan
= dak- + pangan
kopangan
= ko- + pangan
dipangan
= di- + pangan
B.
Ater-ater
tripurusa iku minangka sesulih (gantine) purusa.
- Ater-ater dak- minangka sesulihe purusa I (kata ganti pertama). ater-ater dak- diarani uga ater-ater utama purusa.
- Ater-ater ko- minangka sesulihe purusa II (kata ganti kedua). uga diarani ater-ater madyama purusa.
- Ater-ater di- minangka sesulihe purusa III (kata ganti ketiga) . uga diarani ater-ater pratama purusa.
C. Tembung Tanduk (kata aktif) iku tembung kriya
mawa ater'' anuswara, apadane tembung kriya tanpa ater-ater.
Wonten
sawetawis tembung menawi dados wasésa boten prelu dipunparingi wuwuhan, awit
sampun mratélakaken padamelan, kadosta: linggih, adus, tangi, gawe, jegang,
udud, lsp. Tembung-tembung ingkang kados makaten punika namanipun tembung kriya
lingga.
Tuladhanipun:
Bubar adus, banjur dandan.
Wis jam sanga adhiku
durung tangi.
Sasanesipun
tembung kriya lingga, sawenèhipun tembung dados saged mratélakaken kriya, kedah
dipunwuwuhi ater-ater hanuswara. Ater-ater hanuswara wujudipun wonten 4 werni
inggih punika: ny, m, ng, n.
Tuladhanipun:
ny
+ cukur = nyukur
m + pacul = macul ng + gambar = nggambar
n + tulis = nulis
Tembung
tanduk wonten werni 3, inggih punika:
- ingkang tanpa panambang punika kasebat tanduk wantah utawi tembung tanduk kriya wantah. Tuladhanipun: nggawa, nyangking, mépé, nulis.
- ingkang kanthi panambang -i kasebat tanduk -i utawi tanduk -i kriya. Tuladhanipun: nulisi, nggawani, mèpèni, nyaponi.
- ingkang kanthi panambang -aké kasebat tanduk ké utawi tanduk -ké kriya. Tuladhanipun: nulisaké, nggawakaké, mèpèkaké
KAWRUH TEMBUNG : TEMBUNG TANGGAP LAN TANDUK
Reviewed by Hendi Widyatmoko
on
3/24/2019 05:00:00 PM
Rating:

Tidak ada komentar: