NASKAH SESORAH UJIAN PRAKTEK
MTs Muhammadiyah Wonosari
dening:
Hendi Widyatmoko
ATUR PAMBAGYA KETUA PANITIA
Assalamualaikum. Wr. Wb
Wonten ngarsanipun Bapak Kepala Madrasah Tsanawiyah
Muhammadiyah Wonosari ingkang dahat kinurmatan,
Bp/Ibu Guru saha karyawan ingkang
kula hurmati,
Saha kanca-kanca ingkang bagya mulya,
Ingkang angka sepisan, mangga
kula dherekaken sami hangaturaken puji lan syukur wonten ing ngarsaning
Pangeran, ingkang sampun paring rahmat, nikmat, lan hidayat dhateng kula lan
panjenengan sedaya, satemah dalu menika kula lan panjenengan sedaya sageda mengeti
pengaosan Maulid Nabi wonten
ing taun 1431H menika kanthi pinaringan kawilujengan ing sedayanipun.
Ingkang angka kalih, kula
minangka ketua panitia amakili kanca-kanca sedherek panitia Maulid Nabi hangaturaken sugeng rawuh lan sugeng lenggah
ngantos paripurnaning adicara wonten ing wekdal menika.
Ingkang angka tiga keparenga
kula hangaturaken matur nuwun awit rawuhipun bapak ibu lan kanca-kanca wonten ing pengaosan dalu menika. Keparenga ugi
kula ngaturaken matur nuwun dhateng sedaya ingkang sampun purun paring
pambiyantu awujud menapa kemawon ingkang saengga adicara wonten
ing siang menika saged kalampahan lan sageda kalis
ing rubeda nir ing sambikala.
Ingkang salajengipun,
kanca-kanca panitia nyuwun agunging sih samudra pangaksami awit kanca-kanca panitia mboten saged nyawisaken papan palenggahan saha dhaharan ingkang sarwa
sarwi ngremenaken penggalih.
Mbok bilih cekap semanten atur
kula, wonten klenta klentuning atur, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamualaikum.
Wr. Wb.
SESORAH : ATUR PAMBAGYA KETUA PANITIYA
Reviewed by Hendi Widyatmoko
on
3/23/2019 07:00:00 AM
Rating:
Tidak ada komentar: