STAY WITH US

Header Ads

test

Business

GEGURITAN : AKU LAN PAHLAWANKU


Tembung apa
kang bisa njlentrehake jasamu
Tumindak apa kang bisamales jasamu
Ing tengahe jaman kang wis ora karuhan
Ing tengahe kelakuan kang wis ora ketatan

Dina iki sakambane pengorbananmu tak eling
Dina iki ora bakal mung dadi saklebatan
Awakmu kang wis digumuni
Lan awakmu uga kang dibanggakake

Aku ngadek ing ngarep gedung saksi iki
Saksi ilmu kang ora bisa goroh
Ora bakal kaya koruptor
Kang isa
mangan duit rakyat banjur selonjor
Kang tak arep bisa gawe aku kaya awakmu
Bisa dadi surya sanajan kudu ngupaya
Bisa dadi cakra sanajan kudu makarya
Lan bisa dadi tirta kang dibutuhake nara

Aku bakal dadi apa kang tak karepake
Aku bakal kaya apa kang mbok lakokake
Lan aku ora bakal nguciwakake
Kanggo aku, wong tuwaku, lan bangsaku

GEGURITAN : AKU LAN PAHLAWANKU GEGURITAN : AKU LAN PAHLAWANKU Reviewed by Hendi Widyatmoko on 3/20/2019 05:00:00 PM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.