
Assalaamu’alaikum Wr.Wb
Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembada
Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti.
Ingkang kinabekten Takmir Masjid At-Taufiq Taji.
Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, saha para bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.
Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin mangga kula lan panjenengan sadaya panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kula lan panjenengan sadaya pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kula lan panjenengan sadaya saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.
Sholawat saha salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kula lan panjenengan sadaya raosaken sak meniko, saha ingkang kula lan panjenengan sadaya antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.
Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicara, badhe maosaken susunan acara wonten dalu menika:
Adicara kaping setunggal inggih meniko : Pambuka
Adicara kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicara kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicara kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Do’a
Adicara kaping gangsal inggih meniko : Penutup
Acara kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acara wonten ing dalu puniko kula lan panjenengan sadaya bikak kanthi waosan basmallah sesarengan.
Adicara kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek Anik, wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Adicara ingkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan:
Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Remaja Islam Taji, dumateng panjenenganipun saudara Hartono wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Taji, dumateng panjenenganipun Ibu Indri Astuti wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir Masjid At-Taufiq Taji, dumateng panjenenganipun Bapak Samsul Mawarwan,SE wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Adicara kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun Ustadz Wuntut Wawan Sembodo saking Jogjakarta, wedal saha panggenan kula sumanggaaken.
Adicara kaping pungkasan inggih puniko penutup, mangga acara pengaosan wonten ing dalu puniko kula lan panjenengan sadaya tutup kanthi waosan hamdallah.
Mekaten saking kawulo menawi wonten atur ingkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kula nyuwun agungin pangapunten.
Wassalamualaikum Wr.Wb
CONTOH TEKS PRANATACARA PENGAJIAN AKBAR
Reviewed by Hendi Widyatmoko
on
9/26/2019 07:00:00 AM
Rating:

Tidak ada komentar: