STAY WITH US

Header Ads

test

Business

CONTOH PRANATA CARA PERPISAHAN



Assalamu’alaikum wr.wb.

Bapak Komite Sekolah ingkang satuhu kinurmatan
Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan ugi
Bapak ibu guru ingkang kula kurmati
Kanca-kanca raka kelas 3 ingkang kula 

Saderengipun mangga kula lan panjenengan sadaya tansah ngunjukaken raos puja puji dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan, karaharjan, saha kasarasan, saengga kula lan panjenengan sadaya saged kempal wonten ing SMA 1 Wonosari saperlu angrawuhi adicara “Perpisahan  siswa kelas XII tahun 2010/2011” kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.
Ingkang kaping kalih keparenga kula minangka pambyawara ngaturaken sugeng rawuh saha sugeng lenggah dhumateng para tamu undhangan saha para kanca-kanca sae menika kanca kelas X, XI, saha kelas XII.
Ingkang salajengipun keparenga pambyawara ngaturaken rantamaning adicara ingkang badhe dipunlampahi wonten ing dinten menika:
1. Pambuka
2. Pambagya harja
3. Atur perpisahan saking siswa kelas X saha kelas XI
4. Atur panampi saking siswa kelas XII
5. Srah-srahan kenang-kenangan saking wakil kelas XII dhateng sekolah
6. Donga
7. Inti
8. Panutup
Ndungkap adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka. Mangga adicara dinten menika kita bikak kanthi waosan Basmallah sesarengan...Bismillahirrahmanirrahim…
Adicara ingkang kaping pindho inggih menika pambagya harja. Ingkang sepisan pambagya harja saking ketua panitia ingkang badhe dipun-aturaken dening sedherek Wakid Ryan. Sasana saha swasana kula sumanggakaken..
Matur nuwun kula aturaken dhateng sedherek Wakid Ryan…
Salajengipun inggih menika pambagya harja saking kepala sekolah ingkang badhe dipun-aturaken dening Bapak Kepala Sekolah. Dhumateng bapak Kepala Sekolah sumangga

Pambagya harja ingkang pungkasan inggih menika saking Komite Sekolah ingkang badhe dipun-aturaken dening Bapak Komete Sekolah. Sasana saha swasana kula sumanggakaken.
Ndungkap adicara ingkang kaping tiga inggih menika atur perpisahan saking siswa kelas X saha kelas XI ingkang badhe dipunwakili dening sedherek Evi. Sasana saha swasana kula sumanggakaken.
Ndungkap adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur panampi saking siswa kelas XII ingkang badhe dipunwakili dening sedherek Gunawan. Sasana saha swasana kula sumanggakaken..
Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika srah-srahan kenang-kenangan saking siswa kelas XII dhateng sekolah ingkang badhe dipunwakili dening sedherek Gunawan saha Bapak Kepala Sekolah. Sasana saha swasana kula sumanggakaken. Menika wau srah-srahan kenang-kenangan ingkang sampun kalampahan kanthi lancar. Mugi-mugi kenang-kenangan menika saged dipun-ginakaken kanthi munpangat.
Adicara salajengipun inggih menika donga ingkang badhe dipun-aturaken dening Bapak Harto. Dhumateng Bapak Harto kula sumanggakaken.
Matur nuwun kula aturake dhumateng Bapak Harto.
Ndungkap adicara ingkang angka pitu inggih menika adicara ingkang inti inggih menika pentas seni ingkang badhe dipun-isi saking para kanca kelas X, XI, saha XII.
Ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Mangga adicara wonten ing siyang menika kita tutup kanthi waosan hamdallah sesarengan..Alhamdulillahirrabil’alamin… 
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, kathah kalepatan saha solah bawa ingkang boten mrenani penggalih panjenengan sadaya kula nyuwun agunging samudra pangaksama. Matur nuwun…
Wassalamu’alaikum wr.wb


CONTOH PRANATA CARA PERPISAHAN CONTOH PRANATA CARA PERPISAHAN Reviewed by Hendi Widyatmoko on 9/23/2019 07:00:00 AM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.