Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang
kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati,
adhik-adhik kelas tuwin kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Puji
syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing
wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika
kita saged kempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula
minangka wakil saking siswa kelas XII, ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun
nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban
anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika.
Kula
sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru
pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan
kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng
adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten
kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel
Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca
ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng
Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah
pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula,
menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih,
kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum
Wr. Wb.
Tidak ada komentar: