
Kamardikan tumetesing ludira
Ilanging sukma
Rusaking raga
Kabeh
Mbok
kurbanake
kanggo kamardikaning bangsa
ora
muspra lelabuhanmu
Duh
kusumaning bangsa
Awit
Indonesia negri wus mardika
Muga-muga ing ambal warsaning bangsa
Kang kaping pitung puluh papat iki
Kabeh lelabuhanmu tansah dieling-eling
Dening generasining bangsa
Sanadyan sewu donga
Lan udan kembang wora-wari bebasane
Dak
rasa durung cukup kanggo nebus pangorbananmu kanggo bangsa
Nanging
bangsa iki wis mbudidaya
Kanggo
ngeling-ngeling lelabuhanmu
Kanthi tansah junjung martabating bangsa
Gumolonging
cipta
rasa karsa
Lan
karya
namung siji yaiku MARDIKA.....
By : Hendi Simbah
CONTOH GEGURITAN TEMA KAMARDIKAN
Reviewed by Hendi Widyatmoko
on
9/03/2019 07:00:00 AM
Rating:

Tidak ada komentar: