STAY WITH US

Header Ads

test

Business

CONTOH TEKS PRANATACARA ULANG TAHUN SEKOLAH





Assalamualaikum.wr.wb

Kepareng dhumateng Bapak Kepala SMA N 1 Playen a ingkang dahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru, karyawan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI saha XII ingkang kula tresnani.

Sumangga ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku puji miwah puji syukur dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah pengestu dhumateng kula lan panjenengan sedaya, saengga saged kempal manunggal wonten ing papan menika.

Salajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang bade dipunlampahi :

1. Purwaka
2. Atur Pambagyaharja
3. Atur Pangandikan saking Ketua Osis
4. Atur Pangandikan saking Kepala Sekolah
5. Dhahar sesarengan
6. Ndonga sesarengan
7. Wasana

Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan, salajengipun kesekecakaken lenggah dumugi paripurnaning adicara.

Ingkang kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara menika dening waosan basmalah. Kula ndherekaken. Matur nuwun, dhumateng panjenengan sedaya amargi sampin kersa purwakani adicara menika dening waosan basmalah.

Salajengipun atur pambagyaharja saking Kasiswaan Bapak Bambang Utoro. Bapak Bambang Utoro kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Bmbang Utoro ingkang sampun kersa atur pambagyaharja.

Salajengipun, atur pangandikan saking Kang Mas Fanri Aji minangka Ketua Osis. Kang MasFanri Aji kula sumanggakaken. Matur nuwun dening Kang Mas Fanri Aji ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.

Salajengipun, atur pangandikan saking Bapak Joko minangka Kepala Sekolah. Bapak Joko kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Joko ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.

Salajengipun, mangga panjenengan sedaya dhahar wonten Aula SMA N 1 Playen

Salajengipun, mangga kita lan panjenengan sedaya ndonga sesarengan ingkang badhe dipundhereaken dening Bapak Sumarsono. Bapak Sumarsono, kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Sumarsono, amargi sampun ndherekaken ndonga sesarengan menika.

Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan.

Sumangga kita pungkasi adicara menika dening waosan hamdallah. Kula ndherekaken. Matur nuwun.


Wassalamualaikum.wr.wb
CONTOH TEKS PRANATACARA ULANG TAHUN SEKOLAH CONTOH TEKS PRANATACARA ULANG TAHUN SEKOLAH Reviewed by Hendi Widyatmoko on 9/25/2019 02:51:00 PM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.