STAY WITH US

Header Ads

test

Business

TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN KAKUNG





Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Dhumateng panjenenganipun Bp ___________ (ingkang pasrah) ingkang hangemban wajib luhur ing madyaning bebrayan ageng ingkang sinuba ing pakurmatan.

Nun inggih saderengipun kula nampi wosing gati rawuh panjenengan kanthi hangirid para kadang panekaring putra temanten kakung, mboten kekilapan kula ugi ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti purbaningrat, awit panjenengan sadaya dalasan kula tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu netepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ageng, mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa tansah paring suka basuki rahayu ingkang sarwi ginayuh. 

Panjenengartipun Bp ___________ (ingkang pasrah) menggah lekasing pangandika panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung kula tampi kanthi sae, handadosaken suka bingahing manah, salajengipun badhe kula aturaken dhumateng panjenengariipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) karana badhe kapanggihaken miturut tata cara adat widi widana ingkang sampun sinengker, mugi laksitaning upacara panggihing putra temanten ing mangke tansah manggiha rahayu wilujeng nir ing sambekala sarta karoban sihing Gusti ingkang Maha Agung. Pungkasaning atur kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp ___________ (mengku gati) tansah tumadhah lubering pangaksama, karana kiranging suba sita, kalentuning basa sastra anggen kula matur kalebet anggen kula nampi panjenengan sarombongan. 

Kajawi saking punika panjenengan sarombongan taksih kula suwun hanjenengi panggihing sri penganten ngantos dumugi purnaning pawiwahan ing wekdal punika. 

Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah 

Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb
TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN KAKUNG TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN KAKUNG Reviewed by Hendi Widyatmoko on 9/07/2019 07:00:00 AM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.