STAY WITH US

Header Ads

test

Business

DONGENG KANCIL KARO MUNYUK BERBAHASA JAWA




Ing sawijiné dina ing rimba, ana akèh jenisé kéwan sing urip tentrem lan akur siji lan sijiné. Kabèh kewan nduwèni panguripan lan lakuné dhéwé-dhéwé. Nanging ana siji kéwan sing anané gawé drusila lan paling licik, arané Kancil. Juligé utek lan pinteré ngomong nipu kancané. Kancil wis dikenal kaya déné kéwan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Munyuk.
Ing sawijining dina, ana Munyuk lagi pènèkan ing ngisor wit pring. Singsot karo nggawa roti. Kancil teka, weruh Munyuk sing lagi asik karo rotiné. Utek liciké muncul péngén jupuk roti kang tanganné Munyuk.
"Nyuk..Nyuk..," undang Kancil marang Munyuk.
Munyuk maringi Kancil, "Ana apa Cil? Kowé ngundang aku?," takon Munyuk.
Kancil : "Nyuk.. aku wènèhi sethithik rotiné, sethithik waé aja akèh-akèh," jaluké Kancil
Munyuk : "Iya.. aku kan apikan, iki paroan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyuk... kowé pancèn apikan, nanging aku waé sing maro," jaluké Kancil.
Munyuk awèh roti nggo diparo marang Kancil lan ora nduwèni rasa curiga karo Kancil. "Iki... kowé paro sing adil," penjalukané Munyuk karo wènèhké rotiné marang Kancil.
Kancil maro rotiné nganggo utek liciké, siji gedhé siji cilik, nanging Munyuk ora ngerti. Sawisé diparo, Kancil wènèhké bagéan sing cilik marang Munyuk, bagéan sing gedhé dicekel dhéwé marang Kancil.
"Cil... kenapa bagéanmu luwih gedhé?," takon Munyuk.
Kancil : "Mréné gawa mréné, tak gawé padha.," banjur Kancil mangan sethithik rotiné sing dicekel ana tanganné, "Iki wis padha," Kancil wènèhké rotiné marang Munyuk.
Munyuk : "urung Cil!! Iku isih gedhé gonaku"
Kancil nyaut roti sing ana ing tanganné Munyuk, banjur dipangan sethithik, kaya mangkono saterusé nganti rotiné entèk dipangan Kancil.
Entèk-entèkané Kancil mangan rotiné kabèh, Munyuk kapusan dening Kancil wong Munyuk sing duwèni roti malah ora mangan. Pancèn Kancil licik ora patut ditiru, urip ning masyarakat iku kudu urip bebarengan lan sinambi réwang siji lan sijné. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip padha sakarepé dhéwé-dhéwé.

DONGENG KANCIL KARO MUNYUK BERBAHASA JAWA DONGENG KANCIL KARO MUNYUK BERBAHASA JAWA Reviewed by Hendi Widyatmoko on 9/16/2019 09:15:00 AM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.