
Aku
ya aku
Dudu
wong liya
Aku
dudu kowe
Kowe dudu aku
Aku
nangis, ngguyu, nesu
Kuwi
aku
Akeh wong padha isin
Ngakoni awake dhewe
Kapara seneng duweke wong liya
Ngasi wani korban apa wae
Kanggo njupuk duweke liyan
Aku seneng dadi aku
Ya aku iki
Aku
seneng dadi awakku dhewe
Mangka
wong-wong padha seneng niru
Kabeh
kang katon apik
Tanpa
ngelingi wong liya
Apa kuwi kang kolakoni ngger?
Kanggo uripmu sesuk?
Dalan kuwi kang arep kok liwati?
Aja ngger, anakku……aja
Aja mung ngenut ombyaking jaman
Isih ana dalan liya
Pilihen dalan ciyut nanging agawe
tentrem
Aja milih dalan gedhe
kang ngendhem mawa
Amarga uripmu bakal rekasa
Dadiya awakmu dhewe
Tan kudu melu-melu
Dadiya awakmu tanpa rasa wedi
Wedia marang “Kang Wajib Diwedeni”
GEGURITAN : AKU
Reviewed by Hendi Widyatmoko
on
9/04/2019 07:00:00 AM
Rating:

Tidak ada komentar: