STAY WITH US

Header Ads

test

Business

TULADHA ATUR PASRAH MANTEN KAKUNG




Assalamu'alaikum Wr. Wb.Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________  (ingkang nampi) keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken putra temanten kakung pun Bagus ___________ mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu ___________   (ingkang mengku gati).

Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula pendhet saking dalem ___________  (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi sampun kapondhokan) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambekala.

Pramila ngemban dhawuh ___________  wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangka sulih saliranipun Bp ___________  (ingkang mengku gati) cundhuk kalihan lampahing adicara.

Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.
TULADHA ATUR PASRAH MANTEN KAKUNG TULADHA ATUR PASRAH MANTEN KAKUNG Reviewed by Hendi Widyatmoko on 9/06/2019 07:00:00 AM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.