-->

Iklan Billboard 970x250

Contoh Cerkak Basa Jawa Ngitung Ganjaran

Iklan 728x90

Contoh Cerkak Basa Jawa Ngitung Ganjaran



Sore iku sinambi ngenteni bedug maghrib tanda buka, Pras, Yudhi lan Pandu klekaran ning lincak ngarep omahe Pras. Rencana katelune arep maghriban ing langgar desa sisan isya lan tarawih. Pras sengaja ora tarawihan ing masjid desa sebelah amarga wis kadung kisinan karo Pak Usman wingi kae. Lagi asyike ngobrol, Pandu ujug-ujug ngetoken buku saka walik kaose, buku tipis sing wis kucel rupane kuwi njuk dibuka lan diwaca kanthi nggremeng.

“Pras aku nyilih pulpene” Pandu aba tanpa mlirik kancane

“Nggo opo nggaya temen nggawa buku saiki nyilih pulpen” Pras sing rada apal kelakuane Pandu sing nggarap PR wae wegah rada gumun

“Hiyuh Pras pelite karo konco dhewe, ngko tak balikke pulpenmu tenang wae” ujare Pandu

“Iyo-iyo sik tak jupukke, ngono wae nesu, mutung kaya pendukung capres” Pras menyat menjero

“Sakjane lagi nggawe opo to Pan?” Yudhi sing awit mau sajak ora nggatekna Pandu wusanane takon

“Lagi arep ngitung Yudh” Pandu njawab cekak aos

“Wah kadingaren , kayane kok ora ono PR matematika to Pan” Yudhi rada gumun karo jawabane kambrate

“Iki ora ngitung matematika ngono kuwi Yudh”

“Nyoh, iki pulpen e, balikna tenan lho nek wis rampung” Pras ngulungne pulpen kanggo Pandu

“Lha terus kowe ngitung opo Pan?” Yudhi sing isih durung entuk jawaban jelas tetep ngoyak

“Cah, kowe kabeh do kelingan ora ngendikane pak Yus guru agamane dhewe pas mulang sadurunge pasa kae?” Pandu malah slenca

“Ngendikane sing bab opo?” Pras nyoba ngeling-eling

“Hmm, do ngantuk sih pas kuwi, ngene lho Pak Yus ngendikan yen ing sasi Ramadhan kaya saiki kabeh amalane dhewe bakal entuk pahala sing gedhene tikel tekuk” Pandu njlentrehke marang bala-balane

“Ooo sing bab iku, iyo aku kelingan, pancen sasi Ramadhan kan sasi apik, makane kabeh pada lomba nggo ibadah, istilahe wong turu wae oleh pahala opomaneh yen dhewe tumindak becik bakal sansaya tambah tabungan pahalane” Yudhi nambahi

“Lha kuwi Yudh, suprandene kowe ngerti ngono lho, nah buku iki isine kabeh laku ku mulai pasa dina pertama, lengkap saka sholat, pasa, nyemplungi kotak amal, nulungi wong sing butuh lan sak panunggalane” Pandu akhire crita

“Apaaa??? Dadi kuwi critane buku catatan amal ngono?” Pras takon setengah njomblak

“Ho oh, lengkap iki sak itung-itungane barang, contone nek sholat jamaah kan pahalane tikel ping pitulikur, sumbangan masjid rongewu diping sepuluh, nyumet sesdor, nulungi mbah Jono ngarit pakan wedhus…ngewangi Lik…”

“Stop stop Pan” Yudhi langsung menggak kancane sing durung rampung ngomong

“Kowe ki kayane salah tampa deh, ngene lho sing dimaksud karo pahala tikel tekuk ing sasi ramadhan ki ora kaya ngono kuwi, pahala ki ora iso mbok padakne karo kowe nabung sewunan mbendino ing koperasi sekolah, njuk iso mbok etung-etung dhewe gedhene ngono” Yudhi njelaske alon-alon

“Iyo Pan, lagian sing wenang maringi pahala yo ming Allah SWT, durung mesti yen ibadahmu sing mbok kira wis apik lan bener iku ditampa lan iso entuk pahala, ringkese dhewe saderma ngayahi dadi manungsa sing apik ngono wae, In sya Allah kabeh ngko entuk balesane ing akhirat” Pras nambahi ukarane Yudhi

Plok plok plok…..Pandu ujug-ujug keplok tangan karo ngguya ngguyu

“Cah, kowe kabeh pancen kancaku sing keren, pinter, apikan lan kurang ngganteng. Nganu sepurane sakjane aku ki mau ora serius ngitung pahala yo, buku iki lho isine ming corat-coretan gambar, aku lagi gawe sketsa dienggo komik hahahaha, nuwun pencerahane lho pak Ustadz sedaya” Pandu nyengir terus siap-siap mlayu amarga Pras lan Yudhi siap siap mbalang bathok degan, lan Adzan maghrib lamat-lamat keprungu saka langgar…

sumber : www.kompasiana.com
Baca Juga
SHARE
Subscribe to get free updates

Related Posts

Posting Komentar

Iklan-iklan

loading...