-->

Iklan Billboard 970x250

Contoh Cerkak Basa Jawa Kanca Salawase

Iklan 728x90

Contoh Cerkak Basa Jawa Kanca Salawase



“Pit ,piye iki pit keri patang dino meneh awakdewe Ujian,” kandane Rie karo aku. ”Hayo piye?, yo sinau ta ben isoh!” jawabku. Bel masuk wes muni. Rung ono telung menit lebar bel Pak Hendi wes rawuh. Pak Ketua, doni laangsung nyiapke kabeh murid ndongo arep pelajaran. Sakwise berdo’a, “kepada Pak Guru hormat grak”, suarane Doni seng lantang lan tegas. “ Tegap grak” ngunu lanjute.

“oke, assalamu’alaikum warohmatuloohi wabarokatu”,sapa Pak Hendi..

‘’wangalaikum sallam warrohmatullohi wabarokatu”, jawabe murid-murid.

Pak Hendi iku guru matematika, beliau iku tegas,tur biasane disapa Pak Hen.

Pelajaran wes dilekasi, Pak Hen nerangke kabeh bab IV. Susan bingung, “aku kok durung dong – dong yo pit?”, omonge Rie ro aku lirih-lirih.

Takon Pak Guru wae!”, saranku. Nanging Rie mung meneng wae. Ketoke Rie rag wani takon.

Pelajarane Pak Hendi rampung. Lebar PAK Gun metu,Rie takon ro aku. Rie takon carane nggarap soal seng mau. Mestine Rie tak warai. Rung rampung leh ku marai Bu Sri wes rawuh. “ le marai teruske ngko meneh ya”, jare Rie. Aku yo mung manut wae. Bu Sri le mulang ngasi mbengok-mbengok, masalahe muride podho rame kabeh. Rie barangyo melu rame. Aku munu ora meng kadang-kadang le gojek.

“ hey-hey, diam, diam semuanya”, Bu Sri.

Kabeh murid do meneng, rung ono limang menitBu Sri ngajar wes do rame meneh koyo pasar.

“Hey-Hey, diam bisa tidak?, do niat sekolah oran nek ora metu wae, rasah ngganggu kancane sek pengen isoh”. Wah galake Bu Sri soyo metu. Ngasi rampung pelajaran kabeh murid podo, anteng ,meneng, nggatekke pelajarane Bu Sri. Bu Sri seneng neg suasanane kelas kondusif, tur yo murude podo dong kabeh.

Saiki wayahe ngaso, aku kelingan yen Rie arep ngedongke bab IV matematika.

“sido neruske leh mu takon mau rag Ye?’’, takonku marang Rie.

“sesuk po kapanwae yo ,aku males we. Jajan sek wae yo, ngeleh aku”, jawabe Rie.

“yo wes lah jajan dulu”. Aku mung manut Rie ,kan seng butuh reti Rie udu aku.

Ngasi ngaso pindo Rie rung takon meneh, mungkin wae Rie wes dong.

“kulo seng asli niku mboten tek seneng lehRie, amargi pendakpelajaran npo mawon sek digarekke ro guru-guru mung Rie. Rie ki wonge caper,lebay,alay,nggeh niku seng marakke kulo mboten seneng.opo maleh yen kulo lagi dipertanya’i leh guru, mangkeh seng jawabRie, dede kulo. Maksud kula Rie niku kerep banget ngrebut jatah soal ngge kulo, bu”, curhatku marang Bu Bk. Aku neng ruang Bk dewe, ra mungkinlah karo Rie.

“Pipit, saiki kowe teko sabar sek wae, Rie tok nengke wae sek. Omong apik-apik ro Rie tentang kui, mengko Rie ndak loro ati”, iku sarane Bu Bk.

“Nggeh Bu”jawabku.

“Yo wes saiki mantuk sek, ndak digoleki ibu’ kok ra lek bali seko sekolah”, lanjute Bu BK.

“nggeh Bu” jawabku meneh.

Sedino meneh UAB, utowo Ulangan Akhir Bulan. Sek diujikan iku bahasa indonesia, bahasa inggris, IPA, lan Mateamaatika. Wes ngasi yakhene Rie rung takon matematika seng mbiyen. “A........yo luweh ra takon aku”,batinku. Sedino iku aku rag omongan karo Rie meneh. Rie yo rag ngejak aku omongan kok. Aku yo ra nyobo omongan ro Rie seng disaranke Bu BK.

Bel pindo ,tandane ngaso. Aku ora jajan bareng Rie, Rie ngejak aku jajan, neng aku wegah. Aku jajan bareng Galih. Ngasi wayahe bali aku ora omongan ro Rie .

“opo Rie reti curhatku marang Bu Bk yo?’’ pikirku.

Sakwene neng dalan aku bali sekolah aku mung mikirke kui. Neg Rie reti piye yo??. Aku kon kudu piye? Ak u bingung.

Dino wes ganti, saiki wektune UAB. Aku ra sak kelas karo Rie Aku nggarap soal kanti PD. Aku nggarap ora ono masalah, lancarlah . aku nggarap soal ora nurun,jujur. UAB pertama aku ora pethuk Rie . Ngasi UAB ke-papat aku yo ora kepethuk Rie meneh.

UAB wes rampung, bijine yo wes dumumke kabeh.Yess!! bijiku apek kabeh, ya alkhamdullilah. Aku seneng aku rankin II.aku nlliki bijine Rie bedo adoh, Rie rankin 30. Aku bangga isoh luwih apik seko Susan. Neng aku yo ora entuk sombomg. Aku, yo rung puas ro biji semunu, tur lagi rankin II.

Wayahe ngango pisan aku lungguh neng garep kelas dewe. Karo mangan panganan. Aku wes ora mikirke Rie meneh, aluweh. Niatku iku mung arep nglaleke Rie.

Pra nyono ora ngiro, Susan moro lan lungguh neng jejerku. Susan kondo yen deweke njaluk ngapuro karo aku. Aku bingung kudu piye ,masalahe aku ki arep melupakan Susan begitu. Galih banjur moro lan omong, “Pit, yo dingapuro ta Susan , mesalke lo Susan neg rag dingapuro”. Aku mung meneng wae. “Pit”, lanjute Galih.

“kowe lak wes ket kelas pitu ta kancanan ro Susan, telung tahun Pit, mosok arep tok pedhot ngunu wae, dosa lo memutuskan tali silaturahmi ki Pit”, lanjute Galih meneh.

“ ok ok, la Susan ki ngopo njaluk ngapuro ro aku barang??”, atakomku ro Galih.

Susan mung mesem wae. “Aku reti pas kowe curhat neng BK Pit”, jare Susan. Aku mung meneng wae.

“Pit, pliss yo aku dingapuro, Pit”, jalukke Susan.

Susan ro Galih mung ndeloke aku. Aku bingung. Pancen bener wes telung tahun aku kancanan ro Susan. Akhire aku ngenei apuro marang Susan. Aku yo jaluk ngapuro marang Susan lan Galih yen aku duwe salah.

Ngasi saiki ,aku Galih, lan Susan kancanan raket. Aku seneng isoh nduwe kanca koyo Galih lan Susan.
Baca Juga
SHARE
Subscribe to get free updates

Related Posts

Posting Komentar

Iklan-iklan

loading...