STAY WITH US

Header Ads

test

Business

Cerita Pengalaman Dolanan Bal-Balan


Dina minggu sore aku karo kanca-kanca dolan menyang lapangan, ora lali nggawa dhuwit. Kancaku campur ana lanang ana wedok cacahe ono 10. Mangkat jam 3 mlaku bareng ampir ampiran. Kepasan ketemu kanca liyane neng dalan lan ditantang bal-balan. Bal-balane campur lanang karo wedok. Taruhane nek kalah njajake ombe neng warung. Aku karo kancaku njupuk bal bali ning omah.

Aku cepet-cepet njupuk bal supaya ora kesoren. Tekan lapangan wis padha siap. Aku pingsut karo lawan nggo milih bal apa gawang. Aku menang terus aku milih gawang. Bal-balane gayeng banget. Srempang-srempangan, jegal-jegalan pokoke main rusuh ben ra kalah.

Ana siji kancaku sik kejegal pas iku aku ora trima terus tak tantang gelut, wonge ora gelem amarga aku jare wedok, dheweke ora wani yen karo cah wedok. Terus tak uwisi tekan mengko bar tandhing tak tunggu. Lanjut main akhire grubku menang. Terus kana ora trima ngajak ngulang tandhing meneh tapi wektune wis sore lan wedi digoleki bapak karo ibuk. Dikira aku karo kanca-kancaku wedi, terus diece jare wedi bapak ibuk. Aku karo kanca-kanca ora trima diece dadine ditantang gelut. Kana padha ora wani yen ditantang gelut. Padu ngasi maghrib akhire setuju yen diulang senin sore. Pas adzan padha bali ning omahe dhewe-dhewe.

Esuke padha sekolah neng sekolahan padha ora sapa aruh kaya wong musuhan. Ora ana sik gelem omongan, ora ana sik gelem ngeruhi marang liyane.

Sorene wes padha nunggu ana ing lapangan. Padha gasik mangkat nyepake barang-barang sik dinggo main koyo bal lan gawang. Ana ing kana aku karo kanca-kanca gawe siasat kepriye carane kudu menang meneh ora oleh kalah. Akhire main, baleni gajul-gajulan, jegal-jegalan. Gayeng. Aku karo kanca-kanca menang meneh tapi kana wis nampa yen kana kala hora ana sik gelut, ora ana sik padu, padha-padha apik.

Rampung bal-balan dilajut padha leren lan jajan bareng, padha gojek uyak-uyakan. Terus padha leren lungguhan ana ing lapangan, mangan jajan karo cerita-cerita. Ana ing kana gayeng ngasi lali bali.sore kui dadi sore sik paling dikenang amarga gayeng lan ora bakal isa lali. Sik tantang-tantangan, gelut, musuhan neng sekolahan ora ruh-ruhan akhire padha maafan lan ora bakal ngulangi kaya ngunu kuwi meneh. Padha bali mlaku bareng karo gojekan ana ing dalan ngasi ameh maghrib.
Cerita Pengalaman Dolanan Bal-Balan Cerita Pengalaman Dolanan Bal-Balan Reviewed by Hendi Widyatmoko on 3/22/2020 01:00:00 AM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.