STAY WITH US

Header Ads

test

Business

TEMBANG JAWA



Mijil Saksolahe was tan darbe maning, mung legane batos, sakeh patrap ja mengkono Jeneng, Senapati tuhunen kang kapti, lan sun plambang maning, kan tan lungguh ngelmu Guru lagu & wilangan : 10-i, 6-o, 10-e, 10-i, 6-i, 6-u Guru gatra : 6 gatra untuk melihat tembang Jawa yang lain. Silahkan baca artikel di bawah ini:



ANALISIS DALAM 9 TEMBANG


1.      Mijil

Saksolahe was tan darbe maning,                   
mung legane batos,
sakeh patrap ja mengkono Jeneng,
Senapati tuhunen kang kapti,
lan sun plambang maning,
kan tan lungguh ngelmu

Guru lagu & wilangan    :  10-i, 6-o, 10-e, 10-i, 6-i, 6-u
Guru gatra                      :  6 gatra
                          
2.      Kinanthi

Yekti dora arsanipun,
sandinya angasta driji,
yektine mangarah prana,
ketareng geter ing galih,
dene durung mangga karsa,
paring jangji sih mring cethi

Guru lagu & wilangan    :  8-u, 8-i-, 8-a, 8-i, 8-a, 8-i
Guru gatra                      :  6 gatra

3.      Asmarandana

Ateka yu kang lumari,
kang sabandar pajeg ira,
kekendhangan kang isine,
lelemes buwatan sabrang,
ingkang lumampah ing Sundha,
kethang prunggu kang sinundhuk,
ing tatali karompyangan

Guru lagu & wilangan    :  8-i, 8-a, 8-e, 8-a, 8-a, 8-u, 8-a
Guru gatra                      :  7 gatra
4.      Pocung

Patut iku ana kadadiyanipun,
besuk mengku bala,
kasungsun arane angger,
inggih iyang iku nama wis prayoga

Guru lagu & wilangan    :  12-u, 6-a, 8-e, 12-a
Guru gatra                      :  4 gatra

5.      Maskumambang

Ana uga etang-etangane kaki,
lelima sinembah,
dununge sawiji-wiji,
sembah lelima punika

Guru lagu & wilangan    :  12-i, 6-a, 8-i, 8-a
Guru gatra                      :  4 gatra                            

6.      Durma

Dipun sami ambanting sarira nira,
cegah dhahar lan guling,
darapon suda a,
nepsu kang ambra-ambra,
lerema ing tyas sireki,
dadi sabarang,
karsa nira lestari

Guru lagu & wilangan    :  12-a, 7-i, 6-a, 7-a, 8-i, 5-a, 7-i
Guru gatra                      :  7 gatra

7.      Pangkur

Kidang manjangan kang nyangga,
ora mati kaduga ana titis,
kang tumurunita besuk,
kang katelah sesebatan,
kang prayayi kang turun kidang pananjung,
saking kono ruru ira,
taliti turunan aji

Guru lagu & wilangan    :  8-a, 11-i, 8-u, 8-a, 12-u, 8-a, 8-i
Guru gatra                      :  7 gatra
8.      Sinom

Lir ta selirnya marapag,
langkung kawandasa sasi,
ingkang ngadining-ngadenan,
rinegep sari ngumining,
iya orana siji,
ingkang amiyos sinunu,
gawok kasri nalendra,
dening mung kalethek siji,
Purbasari wadon kang winadhang-wadhang

Guru lagu & wilangan    :  8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u, 7-a, 8-i, 12-a
Guru gatra                      :  9 gatra

9.      Dhandhanggula

Becik nganggo eneng lawan ening,
lumakuo sokur lawan rena,
wismaa  lan  pepagere, 
kebo  sapi yen ucul,
keluhana dipuncekeli,
yen mulih prapteng wisma,
kandhangna sedarum,
selarae pacelana,
tunggonana yen turu kelawan wengi,
pasrahna mring Kang Murba

Guru lagu & wilangan    :  10-i, 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a
Guru gatra                      :  10 gatra

 
TEMBANG JAWA TEMBANG JAWA Reviewed by Hendi Widyatmoko on 2/07/2012 02:04:00 AM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.