-->

Iklan Billboard 970x250

SESORAH TRESNA BUDAYA JAWA

Iklan 728x90

SESORAH TRESNA BUDAYA JAWA




Assalamu’alaikum wr.wb. 
Wonten ngarsanipun para kanca pawiyatan sutresna.                                         
Panggunggung miwah puji,mugi konjuk wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung. Inggih awit kadarman saha sih wilasanipun, ingkang satemah titi wekdal menika kula lan panjenengan sedaya  kepareng sami tetunggilan wonten ing papan menika kanthi winantu ing suka basuki

Kanca kanca pawiyatan sutresna
Basa Jawi kelebet ewoning kabudayan bangsa Indonesia. Basa Jawi mujudaken basa ingkang kaginakaken wiwit duk kinanipun,kanthi turun-temurun dening warga masyarakat Daerah Istimewa Yogyakarta mliginipun, saha suku bangsa jawi umumipun, ingkang kaginakaken minangka sarana sesambetan wonten jagading pasrawungan. Inggih wonten satengahing masyarakat menapa dene salebeting kulawarga. Kepara ngantos sapunika,tumrap masyarakat jawi Tengah umumipun basa jawi mujudaken basa ingkang baku dipunagem wonten ing pasrawungan padintenan.

Para kanca pawiyatan sutresna. 
Pancen basa jawi mujudaken basa ingkang anggadhahi pangaji ingkang endah saha adi luhung. Dadosa ing babagan paramasastra, kasusastran saha seratan utawi aksara jawi. Mila mboten mokal menawi basa jawi ugi dipun gandrungi priyantun saking manca nagari. Katitik kathah para mahasiswa saking njaban rangkah ingkang sami sinau basa jawi wonten ing pawiyatan luhur. 
Eman dene kula lan panjenengan sedaya minangka bangsa Indonesia, mliginipun kita bangsa jawi kados-kados sampun mboten perduli malih dhateng budayanipun,  inggih ing babagan basa jawi. Menika saged kita tingali wonten ing gesang padintenan inggih wonten pasrawungan. Dene cak-cakanipun,dadosa paramasastra kasusatran menapadene panyeratipun asring ing pinanggih lepat. 
Pramila saking menika, cundhuk kaliyan katetepan, babagan keistimewaan Daerah Istimewa Yogyakarta, ingkang salah satunggalipun keistimewaan inggih punika babagan kagunan basa jawi pinangka peranganing budaya ingkang kedah lestantunaken.
Kanthi menika kita pinangka jejering tiyang jawi sampun sak masthinipun sami purun nggegesang saha ngagem basa jawi wonten ing pasrawungan kanthi leres. 
Basa jawi ingkang pinangka pusaka tilaranipun leluhur kita, sumangga kita ipuk-ipuk, saha kita reksa murih lestarinipun.

Para kanca sutresna. Punika wau wujuding tresna budaya saha pambudidaya kita murih kagunan basa jawi tetep gesang mekar ngrembaka.
Kanthi asesanti "Agung luhuring bangsa iku gumantung ing budayane" kita tansah mbudidaya murih lestarinipun basa jawi. Nuwun. 
Wassalamu’alaikum wr.wb.


Dening : Nugrahadi Tristya
SMA N 1 Playen


Baca Juga
SHARE
Subscribe to get free updates

Related Posts

Posting Komentar

Iklan-iklan

loading...