Marang Sapa
Dening : Dening Ki Soegiyono MS
Marang sapa sambat lan angrempeleku
iki dak suntak
yen panalangsa iki sangsaya nindhihi
kamangka angrasa wus diladaki
kasunyatan
sirah iki wus kebak
tangan iki wus theyol
njogetake gagang wulu
angrenda tetembungan
kamangka wus dak enggo jubah pujangga
kamangka wus dak waca rapal
mantra kamasutra
kamangka wus dak sajeni
marga catur dhenda
banjur barang tembung ider basa sastra
ing saben kori wisma hudyana
nanging tetep bali nyangking wewudhon
marang sapa ngupaya batangan
cangkriman dhiri
yen mangsine ati wus garing
lan tangan wus ora kuwagang
njogetake srimpining firasat??
CONTOH GEGURITAN MARANG SAPA
Reviewed by Hendi Widyatmoko
on
8/05/2016 02:30:00 PM
Rating:

Tidak ada komentar: