STAY WITH US

Header Ads

test

Business

Wangsalan Basa Rinengga




Kathah tiyang ingkang kirang mangertos ngengingi tulada wangsalan kang ngginakaken basa rinengga. Wonten ing kalodhangan menika, kula badhe caos sekedhik tuladha wangsalan ingkang ngginakaken basa rinengga. Mugi sageda paring manfaat dhateng sadaya pamaos.
Jenang gula, kowe aja lali
( jenang gula : gulali = lali )
Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu
( Sekar aren : dangu = dangu )
Njanur gunung, kadingaren
( Janur gunung : Aren = Kadingaren )
Mbalung klapa, geleme mung ethok – ethokan.
( Mbalung Klapa : Batok = Ethok – ethok )
Mbalung janur, Paring Usada nggonku nandhang wuyung
( Balung janur : Sada = usada )
Reca kayu, goleka kaweruh rahayu
( Reca kayu : Golekan = goleka )
Ngembang garut nggremeng ora karuwan
( kembang garut = gremeng = nggremeng )
Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan.
( kembang kacang : besengut =  mbesengut )
Kembang jambu, kemaruk duw dolanan anyar.
( kembang jambu : karuk =  kemaruk )
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
( Roning mlinjo : so = ngaso ).
Klapa mudha, yen kalegan paringa apura.
( klapa mudha : degan = kalegan )
Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki.
( kembang gembili : seneng = seneng-seneng )
Witing klapa jawata ing ngarcapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.
( witing klapa : glugu = salugune )
Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur luluh labuh praja
( memet tirta : Ngangsu, tirta jawah jro katiga = labuh )
Mbok aja nglemah bengkah
( Nglemah bengkah : tela = nyela-nyela )
Gayung sumur, aja kemba aja mundhu
( Gayung sumur : Timba = Kemba )
Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe
( Pindhang lulang : Krecek = Kacek )
Nggodong garing, esuk – esuk kok wis nglaras
( godong garing : Klaras = nglaras )
Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka
( Balung geni : Mawa = Menawa )
Balung pakel, aja seneng alok-alok
( Balung pakel : Pelok = alok – alok )
Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung
( Bayem arda : Lanteng = anteng )
Kuku gantung, sawangan kang adi luhung
( Kukus gantung : sawang =  sawangan )
Durna putra, ngudiya basa utama
( Durna putra : aswatan = ngudiya )
Bibis tasik, tasik manda winor tirta. Maju mundur tangeh marem kang pinanggya
( bibis tasik : undur – undur )
( Tasik manda winor tirta : Parem )
Tapas aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama
( Tapas aren : duk )
( Aren arab wijilira : Kurma )
Kancing gelung munggweng dadha, titenana!
( Kancing gelung : Peniti = Titenana )
Yen ora nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus.
( mentil kacang : sungut = mrengut )
Mung pingin nggentha dara
( nggentha dara : sawangan = nyawang )
Kahananmu saiki, jan..mandan rawa
( Mandan rawa : wlingi = mangklingi )
Cipta arda, ardaning tyas mring sasama, tyas susila nor raga ambek jatmika
( Cipta arda : nepsu, ardhaning tyas mring sasama = ambek )


Wangsalan Basa Rinengga Wangsalan Basa Rinengga Reviewed by Hendi Widyatmoko on 8/06/2018 04:17:00 PM Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.